Pasar Beringharja

Pasar Beringharjo ing Yogyakarta

Pasar Beringharja (Jawa: ꦥꦱꦂꦧꦲꦼꦫꦶꦁꦲꦂꦗ) iku pasar tradhisional kang ana ing Daerah Istimewa Yogyakarta.[1] Saiki para wisatawan bisa nemu pasar tradhisional iki ing laladan Malioboro.[2][3] Pasar iki diyasa nalika pamarentahanipun Sri Sultan Hamengkubuwana I lan dumunung ing sisih lor Kraton Ngayogyakarta.[1] Para ratu saliyané yasa kraton kang apik, uga ora lali yasa pasar awit pasar iku dadi jantunge ékonomi, manawa pasare reja nagarané mesthi makmur [4] Ora suwé sawisé Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat ngadeg, ya iku taun 1758, pasar iki didadèkaké panggonan dol tinuku warga Ngayogyakarta lan sakupenge.[2]

  1. a b Situs Tembi:Keraton Yogjakarta-Pasar Beringharjo Archived 2011-07-17 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 22 Fèbruari 2011)
  2. a b Yogyes PASAR BERINGHARJO - Pasar Tradisional Terlengkap di Yogyakarta (dipunundhuh tanggal 22 Fèbruari 2011)
  3. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng internet5
  4. Kalawarti Panjebar Semangat. No 51/2005. Kaca 9

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search